undefined
undefined
CERPEN DARI JAWA
Posted by
BONSAI
Wis meh sedina Drajat nunggu Rista, bojone sing arep nglairake. Bola-bali Drajat keprungu sambat lan jeritane bojone sing nembe berjuang ngliwati maut. Kanggo nylimur pikire sing ora karuwan, Drajat nyoba ngobrol karo wong sing uga nunggu ana ing rumah bersalin
kuwi. Nanging mbuh ngapa, apa wae sing dadi bab rembugane, kabeh kaya
ora mathuk. Pikire Drajat tambah ora karuwan, deweke banjur wira-wiri
kaya wong linglung. Saya cetha menawa saiki Drajat lagi ora kepenak ati.
“Adhuh, aku ora kuwat!”
Drajat kaget. Krungu sambate Rista, Drajat kaya ditangekake saka
ngimpi sing ala. Drajat banjur kelingan ana ing wayah sore nalika Rista
kandha menawa dheweke mbobot. Krungu mangkono Drajat banjur mbopong
Rista, dirangkul lan di ambungi. Sedina wutuh Drajat mesam-mesem dewe..
“Adhuh Gusti!”
Sambate Rista keprungu meneh. Drajat banjur ndonga, lambene ndremimil
ngucapake donga. Apa meneh nalika dheweke kelingan wektu bojone kandha
menawa bayi sing dikandhut kembar. Wektu kuwi, Rista banjur digendhong
karo di ning-nang-gung.
“Adhuh mas, piye iki ?!”
Jebule, saben Rista sambat, pikire Drajat ibarate kaya pita kaset sing otomatis mereviuw kadadeyan sing wis kelakon. Saiki kupinge Drajat kaya-kaya rungon-rungonen nalika Rista kandha menawa miturut pemeriksaan doktere yen dheweke ora bakal isa nglairake cara normal. Bab iki amarga pinggule Rista cilik. Artine Rista kudu operasi.
“Gustiii..Gustiii..!”
Pikirane Drajat nggrambyang meneh, kelingan wektu dheweke lagi padu karo Rista. Wektu kuwi Rista ngakon Drajat ngedol Bonsai kesayangane. Tujuane, dhuwite bisa kanggo wragat operasi Caesar.
Drajat ora sarujuk menawa bonsaine didol. Ora setujune Drajat, amarga
bonsai mau wis bola-bali menang ing sayembara-sayembara bonsai. Kabare,
bonsai mau uga wis tau dinyang karo salah sawijining kolektor
ing kutha. Jane mono bonsaine Drajat okeh cacahe, nanging wektu pas iki
kari loro sing rencanane amung kanggo duwen-duwen dhisik. Biyasane,
bonsaine Drajat apik-apik, amarga Drajat anggone ngopeni temenan.
Kanggone Drajat, bonsai wis kaya jantunge dhewe. Ya saka bonsai kuwi
mau Drajat bisa ngragadi uripe.
Ning, persoalane saiki pasedhiyan bonsane Drajat sing ana ngomah
amung kari loro, kuwi wae bonsai ora kanggo didol ana ing wektu cedhak.
Amarga Drajat duwe feeling menawa rega bonsai mau isih bisa
terus mundhak regane lantaran asringe bonsai mau entuk juara ana ing
saben lomba bonsai. Durung meneh menawa dheweke kelingan jamane
ndadekake bonsai mau. Nggawe bonsai sing apik mbutuhake ketlatenan,
kesabaran, kaya kreasi sing elok lan improvisasi. Merga kuwi mau Drajat ora gelem ngedol bonsaine.
“Usahake lair normal wae!” ujare Drajat wektu kuwi.
***
Kahanane Rista ing kamar priksa memelas, awake wis kaya ora duwe
tenaga meneh. Mungkin amarga bola-bali wis kanggo ngeden, nanging jabang
bayi tetep durung gelem metu. Awake ndredheg lan kebak kringet,
lambene sing cilik-tipis bola-bali ndremimil ndonga kaya maca mantra
wae. Rista ngarep-arep banget supaya bojone gelem ngedol bonsaine.
Rista balik ngeden lan ngeden maneh. Tenagane kekuras, Rista ora
perduli tenagane entek. Nanging tetep ora ana asile, Rista banjur pasrah
ngenteni tumuruning mujijat. Mujijat sing dienteni uga ora
mudhun-mudhun lan bab iki sing nyebabkake jiwane drop lan sawangane
mripat kaya suwung.
Mbuh merga apa, ujug-ujug mripate ora gelem kedhep, jelalatan ndelengi sakabehe isi kamar. Sepisan ana ing pojok kiwa ana alat bantu oksigen, banjur mubeng searah jarume jam, ana cedhake lawang ana tempat sampah cilik. Terus ana ing pojok tengen ana alat bantu nglairake. Pungkasane ana ing tengene patidhur pasien ana meja pasien.
Jane, katone Rista durung arep nguwisi padelengane mau, nanging
merga keganggu ana dokter sing katone lagi kesusu mlebu ana kamare Rista
amarga arep nemoni dokter Bowo sing lagi nangani Rista. Mulane Rista
banjur nguwisi padeleng lan genti nggatekake dokter sing lagi teka mau.
Padeleng mripate Rista marang dokter Irvan, mengkono jenenge dokter
mau, kaya lagi kaweruhan setan wae, mantheng lan ora kedhep babar blas.
Saiki mripate Rista temuju marang kanthong ana ing klambi sragam
dokter Irvan. Saktleraman ana gunting bedah.
Ora dinyana ora dikira, ujug-ujug Ristra nyaut gunting bedhah mau lan sreeeett…
“Ampuni kula Gusti, ampunilah kula Gusti!” jerite Rista melengking-lengking.
***
Krungu
panjerite Rista mau, pikire Drajat nggrambyang, kelingan jaman padu
karo ibune. Wektu kuwi ibune ora kandha dhisik marang Drajat, menawa
bonsai kesayangane Drajat diwenehake marang dokter sing nambani
penyakit kankere ibune. Nesune Drajat temenanan, malah nganti
sawetara wektu Drajat ora aruh-aruh karo ibune. Malah wektu kuwi ibune
banjur mulih menyang ndesane amarga ora tahan dinesoni anake dhewe.
Nganti wektu ibune tinimbalan dening Gusti Allah, Drajat ora kober
njaluk ngapura. Drajat sadhar ora pengin mbaleni kesalahane biyen.
Ora suwe Drajat banjur ngadeg mlayu mulih arep ngedol bonsaine. Lan
dhuwite arep kanggo prabeya operasi bojone.
Ora suwe Drajat olehe lunga. Saiki wis teka maneh ing rumah sakit.
Sak durunge Drajat mbalik ana ing kamare Rista, dheweke tumuju ana
ing kantor administrasi dhisik, arep nyerahake dhuwit kanggo operasi.
Nanging pihak sing ngurusi keuangan rumah bersalin mau ngakon marang Drajat nemoni dokter Bowo dhisik. Lagi pirang jangkah Drajat mlangkah, ana swara nyeluki deweke.
“Lho, Pak Drajat ana kene ta?” Kula nggoleki sampeyan. Wonten bab wigati sing ajeng kula kandhakake.”
“Kleresan Dok, kula inggih badhe kepanggih panjenengan. Wonten bab wigati ingkang badhe kula aturaken.”
“Bab bojo sampeyan, ta?”
“Mekaten Dokter, kula kepengin bojo kula dioperasi kemawon. Kula mboten tegel kaliyan kawontenanipun bojo kula.”
“Oalah Pak, saiki anak sampeyan wis lair slamet, kembar lanang.”
“Gusti. Anakku… anakku wis lair, Dokter?!”
“Bener, pak!” dokter Bowo nyalami Drajat.
“Matur nuwun, Dokter, matur nuwun, Dokter!”
“Pak Drajat, kudhu matur nuwun karo bojo sampeyan. Amarga dheweke dhewe sing bisa marakake anak sampeyan lair slamet.”
“O, inggih Dok, pripun kahananipun bojo kula, Dokter?”
“Mangga Pak,” Dokter Bowo ngomong karo ngajak Pak Drajat nuju kamar
kerjane. Drajat diajak mlebu ana kantor pribadine dokter Bowo mau. Ana
ing njero kantor, dokter Bowo nglanjutake omongane.
“Wektu iku kabeh dokter mbantu supaya bojo sampeyan bisa nglairake
normal. Sak tenane jabang bayi angel metune amarga bangkekane bojo
sampeyan cilik, ditambah bayine kembar sisan. Mula kabeh dokter mutusake
kudu operasi Caesar. Merga wis diputusake mengkono aku banjur nggoleki
sampeyan, ajeng njaluk persetujuanipun.”
“Mboten napa-napa, dok. Pinten mawon beayanipun, badhe kula tanggung.”
“Sekedhap Pak Drajat…” dokter Bowo gojag-gajeg arep nerusake omonge.
“Wonten napa, Dok?
“Wektu kabeh dokter arep metu ngrembug kahanane bojo sampeyan. Rasti
njupuk-nyaut gunting bedhah ana sakune dokter Irvan. Olehe njupuk
gunting cepet banget. Ora nyana, bubar kuwi dheweke banjur nyuwek
wetenge dhewe nganggo gunting mau. Rasti banjur njupuki dhewe jabang
bayi sing ana wetenge dhewe. Mula saktenanne bojo sampeyan dhewe sing
tumindak ngoperasi. Anak sampeyan slamet sakloron, ning kanthi abot
manah kula ngandhakake menawa bojo sampeyan ora bisa dislametake.”
“Dhuh Gusti…Gusti ampuni kula!!” bola-bali Drajat nggetuni kahanan kuwi.
“Aku sing salah Gusti, Aku sing wis ndadekake bojo kula pejah. Ampuni kula Gusti…!! Ampuunn…!!
Raga lan jiwane Drajat drop, dhengkule kedher, jantung lan getihe
kaya-kaya mandheg. Drajat ambruk ana njobin, ndlosor banjur mbrangkang
lan sendhen ana tembok. Mripate mlolo ora kedhep, dheweke kelingan
ibune. Susahe Drajat tambah mucuk nalika mangerteni kahanane bayine
sakloron. Awake cilik menthik, malah bisa diarani kerdhil. Driji sikil
karo tangane ora amung cacah lima nanging gunggung wolu, persis kaya
bonsai.***
Sumber: Majalah Penjebar Semangat Versi Online.
0 komentar:
Posting Komentar